1.
Wacan
Karangan
Karangan
yaiku unen-unen kang ngungkapake pikiran lan raos saking panulis ing
manunggalaken siji tema kang utuh Panulisan
wis ditetepake uga dening seri saka asil pamikiran utawa ungkapan saka raos
menyang wangun tulisan tertib. Adhedhasar tema utawa tujuan.
Jenise karangan yaiku :
1. NarasiYaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf iki kaya-kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita.
2. Argumèntasi
Yaiku karangan utawa paragraf kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.
Yaiku karangan utawa paragraf kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.
3. Deskripsi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhéwé obyèk kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki.
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhéwé obyèk kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki.
4. Pèrsuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakaké panulis.
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakaké panulis.
5. Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné njlèntrèhaké nganti cetha terwaca. Ana ing bab iki kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf narasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné njlèntrèhaké nganti cetha terwaca. Ana ing bab iki kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf narasi
URUT-URUTAN NULIS NARASI
- Nemtokake tema karangan
- Nemtokake tujuan karangan
- Nglumpukake bahan-bahan karangan
- Noto rantamaning karangan
- Ngembangake rantamaning karangan
URUT-URUTAN NULIS DESKRIPSI
- Netepake objek kang bakal katulis
- Nemtokake bates objek kajian
- Observasi kanthi cermat lan tuntas
- Gawe gambaran kanthi cetha
- Gawe reng-rengan apa kang arep dikembangke
- Milih ukara kang pener kanggo nggambarake objek kanthi trep
- Naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep
2. Pengertian diskusi : diskusi yaiku cara tukar pikiran
utama ijpl panemu antarane wong loro utawa luwih supaya oleh tambahan ilmu kang
dikarepake.
Kang nindakake diskusi yaiku :
1.
Ketua
diskusi utawa moderator tugase:
a. ngomokake masalah kang arep
didiskusikake
b. Maca tata tertib diskusi
c. Njaga lakune diskusi
d. ngatur lakune diskusi
e. gawe rangkuman diskusi
2. Sekretaris utawa notulen tugase:
a. nyathet peserta diskusi
b. nyathet bab kang wigati
c. nyathet kesimpulan sawetara
d. Gawe laporan sawise diskusi rampung
3. Peserta diskusi tugase:
a. Nanggepi materi kang dibahas ana ing
diskusi
b. menehi seserepan bab kang dibahas
ana ing diskusi
c. Matuhi tata tertib wektu diskusi
diwiwiti nganti paripurna
d. Njupuk pangerten ana njroning asile
diskusi
Dadi peserta diskusi sing apik yaiku
:
Peserta diarani nduweni peran aktiv
ing diskusi, yen dheweke gelem ngrungokake apa kang disampekake dening
narasumber utawa sregep menehi tanggapan lan pitakonan. Amarga diskusi bisa
mlaku kanthi lancar yen pesertane bisa ngajokake pitakonan lan tanggapan.
Ngaturakake argumentasi ing diskusi
Ngajokake pitakonan utawa pertanyaan
ing diskusi ora angel nanging uga ora gampang yen pesertane mangerteni prinsip
prinsip diskusi. Apa wae prinsip prinsip diskusi ? (apa saja prinsip prinsip
diskusi) yaiku :
·
Yen
ngajokake pitakonan sawise moderator menehi kesempatan, aja nganti nyelani
nalika narasumber njelasake.
·
Pitakonan
sing ditakokake kudu cocog karo topik kang lagi didiskusikake.
·
Wayah
menehi pitakonan kudu nyebutake identitas luwih dhisik lagi takon.
·
Pitakonan
kudune disusun kanthi ukara kang singkat lan gampang dimangerteni
·
Migunakake
basa kang sopan
Urut urutane yen ngalsanakake diskusi:
1. Mbentuk kelompok diskusi kang cacahe
loro utawa luwih
2. Milih topik masalah kang narik
kawigaten
3. Nemtoake sapa kang dadi moderator
lan notulen
4. Menehi panemu kanggo mecahake
masalah kang lagi diadhep
5. nyimpulake asile diskusi
6. Gawe laporan asil diskusi
3. Tembang campursari
Campursari
yaiku jinising lelagon Jawa. Campusari tegese lelagon Jawa kang ngemot
pirang-pirang aspek seni. Lagu kang kerep dianggo campursari bisa wujud: lagu
dolanan, langgam, Macapat, tembanggedhe, gendhing sekar, sekar gendhing, bawa,
umpak-umpak lsp. Tokoh campursari sing kondhang yaiku manthous saka Gunung
Kidul. Katitik saka instrumen sing dinggo ngiringi, wujud gamelan tradisional
Jawa instrumen musik nasional. Lelorone dianggo bebarengan kanthi trep, nganti
kepenak dirungokake. Gabungan instrumen kasebut diangkah supaya tinemu harmoni
seni Campursari. Instrumen campursari sing kerep kanggo kayata kendhang,
demung, gong, rebab, piano, gitar.
Paraga
kang nglagokake campursari diarani wiraswara utawa swarawati. Anggone
nglagokake ngetutake unine gendhing. Yen sing nglagokake bebas (merdhika), rong
larik mandheg, banjur diselingi omong-omong ora apa-apa. Biasane campursari
asring kanggo nglelipur ing pahargyan apa wae, kayata pengetan 17 Agustus,
supitan, tasyakuran, mantenan, uga asring dinggo lelagon dening pelawak
pendhagel, gara-gara ing wayang kulit, limbukan wayang kulit, dhagelan
(guyonan), kethoprak.
Wujudipun campursari:
1.
Ingkang klebet
langgam cmpursari:
Ngidhamsari, Anting-anting, Aja sembrana, Lingsir
wengi, Bengawan solo, Setya tuhu, Aja lamis, Jenang gula, Kusumaning ati,
lela-lela ledhung.
2.
Ingkang klebet
lelagon dolanan campursari:
Kuda lumping, Ilir-ilir, Buta galak, Jamu-jamu,
Nginang karo ngilo, Dhayohe teka
3.
Ingkang klebet
lelagon campursari:
Sekonyong-konyong kodher, Sentir lenga patra,
Nonong, Randha kempling, Stasiun balapan, Tamba ati, taman Jurug.
4.
Ingkang klebet
macapat campursari:
Asmaradhana : Anjasmara animani, Dhandhanggula Sida
asih, Dhandhang gula turulare
5.
Mijil kethoprak
: Dedalane, Pocung, Semar iku
6.
Ingkang klebet
sekar gendhing campursari:
Wahyu, Ayak pamungkas, Rangu-rangu, Puspa giwang,
Gandahastuti, Umbul donga.
Tuladha Lagu Campursari Teks
Lagu : Aja Dipleroki
Mas mas mas aja dipleroki
Mas mas mas aja dipoyoki
Karepku njaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden katimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbokya sing eling eling bab apa
Iku budaya pancene bener kandhamu
The ultimate race tech titanium guide to make it easy for you to
ReplyDeleteThis micro touch hair trimmer guide explains how how strong is titanium to black titanium get your bettor's best in mind for all things racing. If you are looking for betting tips, you'll want to titanium white dominus consider 1xbet korean